Minggu, 29 Oktober 2017

GERAKAN BLONJO NENG WARUNG TONGGO


Sing melu momong anakku yo tanggaku.

Sing melu gotong royong yo tanggaku.

Sing melu ronda yo tanggaku.

Yen ono kesripahan sing ngurusi yo tanggaku.

Yen duwe gawe sing ngewangi yo tanggaku..

Acara ngiring manten, tilik wong loro opo takziyah nunut mobil yo mobile tanggaku.

Idul adha iso melu mangan daging sing qurban yo tanggaku.

Jebul akeh tenan manfaate blonjo nang tonggo.

Yen aku blonjo nang indo..... atau alfa......dll...
Juragane sopo aku ra kenal....

Sing jelas...
Yen blonjo nang mart2 kui mung nyugihke wong sing wis sugih, tur meneh genah2 dudu tanggaku...
Sing ora Biso Tulung tinulung karo aku..

Monggo budayakan mayokke usahane tonggo.....😊
ben tonggone isa nyekolahke anake, ben anake sekolah nganti dhuwur, ben anake isa dha makmur, ben wong tuane ya melu makmur, dadi indonesia kabeh makmur.....

0 komentar:

Posting Komentar